Pelajaran Bahasa Jawa - Jenenge/Arane Omah Kewan & Arane Jeneng Panggonan

assalamu'alaikum sedoyo mawon. wonten ing kesempatan puniko kulo bade mbagekaken materi tentang jenenge omah kewan.



JENENGE  PANGGONAN/ OMAH KEWAN

1. Kandhang Jaran Diarani Gendhongan
2. Susuh Manuk (Bolongan nang wit gede ) Diarani Gowok
3. Omahe Raja Kaya (Sapi, Kebo) Diarani Kandhang
4. Omahe Pitik Diarani Kombong
5. Kandang Macan Diarani Krangkeng
6. Omahe Dara Diarani Pagupon
7. Omahe Manuk mangsa ngendog Diarani Susuh
8. Omahe Tawon Diarani Tala
9. Kanggo ngingu iwak Diarani Tambak  

Araning Panggonan/ Jenenge panggonan
01. Kanthong wadhah  jenenge dhuwit
02. Endhong wadhah jenenge panah
03. Pranji wadhah jenenge  pithik
04. Kombong panggonan jenenge bèbèk
05. Rong omah jenenge ula
06. Susuh omah jenenge manuk
07. Krangkèng omah jenenge macan
08. Warangka wadhah jenenge kêris
09. Lèng omah jenenge gangsir
10. Song omah jenenge landak
11. Papon wadhah jenenge  apu/injêt
12. Pragèn wadhah  jenenge bumbu
13. Plangkan jenenge wadhah tumbak
14. Slêpi jenenge wadhah rokok
15. Gayor  jenenge  wadhah gong
16. Bothèkan jenenge wadhah jamu
17. Pok jenenge wadhah kinang
18. Padaringan jenenge wadhah bêras
19. Lumbung jenenge wadhah pari
20. Tulang jenenge  wadhah jangkrik
21. Clunthang jenenge  wadhah jangkrik
22. Kandhang jenenge panggonan Kebo-sapi-wêdus
23. Tala jenenge omah tawon
24. Sudhung jenenge omah cèlèng
25. Kurungan jenenge  wadhah manuk
26. Pagupon jenenge omah dara
27. Sêlon jenenge wadhah trasi
28. Gêdhogan jenenge  kandhang jaran
29. Tangsi jenenge panggonan saradadu
30. Mesjid jenenge panggonan sembahyang (Islam)
31. Langgar jenenge panggonan sembahyang (Islam)
32. Klênthèng jenenge panggonan sembahyang (Cina)
33. Gréja jenenge panggonan sembahyang (Kristen/Protestan/Katholik)
34. Dhompèt jenenge wadhah dhuwit
35. Patarangan jenenge omah pitik
36. Bango jenenge omah kanggo dodolan
37. Grêdu omah kanggo jaga
38. Gubug jenenge omah ing tengah sawah
39. Hotèl jenenge omah panginepan sing larang
40. Pasanggrahan jenenge omah palêrêman ing gunung
41. Bangsal jenenge omah gêdhé tur éndah
42. Balé-mangu jenenge omah kanggo ngadili
43. Panti-sari jenenge omah ing satengahing taman
44. Padhépokan jenenge omah dununging pandhita
45. Pacrabakan jenenge omah panggonane wiku
46. Balé-mandhakiya jenenge omah kanggo sêmèdi
47. Sanggar pamujan jenenge omah kanggo sêmèdi
48. Sanggar palanggatan jenenge omah kanggo sêmèdi
49. Sanggar pêmidikan jenenge omah kanggo sêmèdi
50. Sanggar pamêlêngan jenenge omah kanggo sêmèdi

mugi mugi artikel kulo meniko dados manfaat lan migunani tumprap panjenengan sedoyo. 

Belum ada Komentar untuk "Pelajaran Bahasa Jawa - Jenenge/Arane Omah Kewan & Arane Jeneng Panggonan"

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel