Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Semester Genap Tahun Ajaran 2020/2021/Tahun ajaran 2019/2020 kurikulum 2013

PEMERINTAH KABUPATEN WONOGIRI DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN PENILAIAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR KURIKULUM 2013 TAHUN PELAJARAN 2020/2021 TAHUN PELAJARAN 2019 / 2020

Mata Pelajaran: Bahasa Jawa
Hari, tanggal : Kamis, 5 Maret 2020
Kelas : V (Enam)
Waktu : 09.30 - 11.00 (90 menit)

I.Wacanen punggelan sesorah ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 1 -5!
(1) Assalamu'alaikum Wr. Wb.
(2) Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati,
rencang-rencang kelas VI saha adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.
(3) Saderengipun kula matur, sumangga langkung rumiyin ngaturaken sukur dhumateng
Gusti Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring rahmat dhumateng kita sedaya.
Kanthi rahmat lan berkahipun ing enjing punika kula dalah panjenengan saged makempal
ing papan punika kanthi rahayu slamet saperlu ngawontenaken acara pepisahan kelas 6.
(4) Para, rawuh ingkang bagya mulya.
Saderengipun nyuwun pangapunten kula Safitri kapeksa ngadeg wonten ngarsa
panjenengan minangka sulih sarira para şiswa kelas enem. Kula ngaturaken agunging
panuwun dhumateng Bapak Ibu guru'ingkang sampun nyengkuyung saha ngrawuhi acara
punika. Ugi atur panuwun dhumateng kanca-kanca ingkang sampun paring pambiyantu
amrih kaleksananipun acara punika.
1. Sesorah utawa pidhato kasebut katindakake dening ..
a. wali kelas
þ. kepala sekolah
c. Safitri
d. ketua kelas 6
2. Sesorah katindakake ing wayah esuk katitik saka tembung
a. enjing
b. sarira
c. sulih
d. ngarsa
3.Salam pambukaning sesorah ing dhuwur katuduhake ana ing perangan nomer
a. (1)
b. (2)
c. (3)
d. (4)
4. Bagean nomer loro (2) minangka perangan pambuka kang ngemu isi....
a. dudutan
b. pangarep-arep
c. pakurmatan
d. wigatine pidhato
5. Pakurmatan kang trep mungguh kanca sapantaran utawa.karo sing luwih nom becike ..
a. ingkang kinurmatan
b. sing dakumati
c. ingkang kula bekteni
d. sing daktresnani
6. Saderengipun nyuwun pangapunten kapeksa kula ... wonten ngarsa panjenengan.
Unggah-ungguh kang.cocok kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ..
a. jumeneng
b. ngadeg
c. ngendika
d. lenggah
7. Tembung kang kacetak kandel ing ukara dhuwur karepe .
a. tengen
b. ngarep
C. sisih
d. mburi
Gatekna punggelan sesorah ngisor. iki kanggo mangsuli soal nomer 8 - 10!
Bapak ibu guru ingkang kinumatan, adhik-adhik ingkang bagya mulya, Sekedhap
malih kula sarencang badhe nilaraken pawiyatan ing mriki. Awrat anggen kula matur
kados pundi raosipun nilar bapak ibu saha adhik-adhik. Namung kawontenan kedah
makaten, pramila kapeksa kula sakanca nilaraken bapak ibu guru saha adhik-adhik
sedaya:
8. Paragraf ing' dhuwur migunaake ragam basa ...
a. ngoko alus
b. ngoko lugu
c. krama lugu
d. krama alus
9.Sekedhap malih kula sarencang badhe nilaraken pawiyatan irig mriki. Temburig
kang kacetak miring basa ngokone ..
a. sauntara
b. suwe
c. sedhela
d. mengko
10. Manut isine paragraf para siswa sedhela maneh bakal ninggalake bapak ibu
gurune uga adhik-adhik kelase amarga ...
a. tamat sekolahe
b. pindhah sekolah
c. wegah sekolah
d. rampung sinaune
Gatekna ukara pacelathon ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 11 - 18!
Ali      : "Yang Ti, kula bidhal sekolah, nyuwun pamit."
Eyang : "Oh, iya sing ngati-ati, PR mu wis mbok garap durung?"
Ali      : "Sampun rampung, Yang.Kala wau dalu kula garap kaliyan sinau."
Eyang : "Wis duwe sangu durung?"
Ali      : "Sampun, Yang. Arta kala wingi dereng telas, saged kula angge dinten niki."
Eyang : "Kok sangu wingi durung entek, apa kowe óra jajan?"
Ali      : "Nggih, Yang. Kula ... jajan, awit sampun sarapan.".
Eyang "Oh, ngono, ya wis sing ngati-ati."
Ali      :...............................................
11. Kang nindakake pacelathon ing dhuwur yaiku
a. bocah cilik karo kancane
b. bocah cilik karo simbah kakunge
c. putu karo simbah putrine
d. anák karo wong tuwane
12. Undherane pacelathon kasebut yaiku ...
a. Ali nyuwun pamit budhal sekolah.
b. Eyang maringi sangu Ali
C. Ali wis nggarap PR mau bengi.
d. Sangune Ali durung entek.
13. Ali bocah sregep katitik saka ukara ..
a. Yang Ti, kula bidhal sekolah, nyuwun pamit.
b. Sampun rampung, Yang. Kala wau dalu kula garap kaliyan sinau.
c. Sampun, Yang. Arta kala wingi dereng telas, saged kula ngge diinten niki.
d. Nggih, Yang. Kula boten jajan, awit sampun sarapan.
14. Kenangapa Ali ora jajan?
a. Ora duwe sangu.
b. Ora nepsu mangan.
c. Sangune wis entek.
d. Wis sarapan saka ngomah.
 15 "Nggih, Y'ang. Kula ... jajan, awit sampun sarapan."
Tembung kang cocok kanggo ngganepi ukara pacelathon Ing dhuwur yaiku ...
a. boten
b. badhe
C. sampun
d. tumbass
116. Kanggo mibacutake ukara pacelathon ing dhuwur, wangsulane Ali ...
a. "Nggih, Yang, kula nyuwun sangunipun".
b. "Nggih, Yang, kula nyuwun pandonganipun."
c. "Nggih, Yang, kula nyuwun artanipun."
d. "Nggih, Yang, kula nyuwun sarapanipun.
17. Pranyatan kang cocok karo isine pacelathon yaiku....
a. Ali bocah santun, sregep, lan gemi.
b. Ali bocah wasis, sregep, lan ngebreh.
c. Ali bocah pinter, sregep, lan utun.
d. Ali bocah manut, sregep, lan cethil.
18. Welinge simbah marang putune..
a. sing ngati-ati
b. aja gojegan
c. jajan sing maregi
d. tukua sarapan

Gatekna pacelathon ngisor iki kanggo mangsuli spal nomer 19 - 20!
Pak: Guru : "Bocah-bocah sapa sing durung nggarap PR?"
Rudi: "Kula Pak, kula kesupen menawi wonten PR."
Pak Guru : "Lha Rudi kelompoke sapa dhek wingi?"
Andri : "(Andri ngacung) Kelompok kula Pak. Kala wingi, Rudi kula ajak nggarap
mboten purun."
19. Manut isine pacelathon, Rudi duwe watak ...
a. jujur
b. alim
c. kesed
d. bandhel
20. pranyatan kang cocok karo pacelathon ing dhuwur yaiku krama......
a. Rudi matur pak guru menawa bukune PR keri ana ngomah.
b. P'ak guru ndangu muride, sapa sing ora mlebu.
c. Pacelathon iku sing miwiti Andri siswa kelas nem.
d. Pak guru nggunaake basa ngoko lugu, dene Rudi lan Andri nggunaake basa

 II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
21. Micara utawa nglairake gagasan, oanemu sarana lisan ing sangarepe wong akon
diarani ..
22. Ancas tujuwane sesorah ing antarane aweh panglipur supaya sing ngrungokako
bisa ... penggalihe.
23. Wektu sesorah basa kudu digatekake, basa kang digunaake kudu.. karo sing
diadhepi.
24. Saliyane basa, swara uga penting digatekake. Wiramaning swara sing kepenak,
ora keseron, utawa alon banget, nanging anggone ngucap tetembungan kudu...
25. Solah bawa /patrap/ tindak tanduk nalika sesorah uga kudu digatekake, umpamane
ngadeg jejeg ora ndhingkluk utawa ..
26. Jinise sesorah wema-werna, sesorah kanthi nggawa cathetan kang pokok-pokok
árane ..
27. Assalamualaikum, sugeng enjing, tembung - tembung iku ing sesorah bagean ..
28. Atur pakurmatan becike diwiwiti kanggo wong sing rawuh kang jabatane paling
Gatekna pacelathon ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 29 33!
Bayu
: "Pak, mbenjing enjing kula didhawuhi Bu Guru mbeta rabuk kompos."
Bapak : "Arep dinggo apà?"
Bayu
: "Kangge nanem sekar wonten sekolahan."
Bapak : "Lha arep nggawa sithik apa akeh?"
Bayu - : "Sekedhik mawon, namung kangge nanem wonten ing pot gantung."
29. Pacelathon kasebut antarane .. karo..
30. Bapak nggunaake ragam basa
31. Bayu nggunaake ragam basa .
32. Kangge nanem sekar. Tembung sekar sing dikarepake ..
33. Sekedhik karepe mung ....
Gatekna pacelathon ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 34 - 35!
: "(Parmi nuju los sayuran) Dhe, bayem saunting pira?"
Parmi
Mbokdhe : "Telungewu."
Parmi
"Ora limangewu loro."
34. Pacelahon iku antarane... karo ....
35. Kedadeane prastawa ana ing ..
PTS Bahasa Jawa VI

II. Garapen pranyatan-pranyatan ngisor iki kanthi pratitis!
36. Gawea ukara perangan pambukaning sesorah!
37. Apa wae isine panutupe sesorah?
38. Mutia : "Alif, ngati-ati ya, aja pisah karo rombongan, bisa ilang Iho!"
Ukara pacelathon ing dhuwur gancarna nganggo basamu dhewe!
"Bu, mbenjang wulan April kula badhe ndherek ujian, pramila nyuwun
donga pangestunipun."
39. Jidan :
: Ya, Le, sing ngati-ati, jaganen kondhisi awakmu lan sinau sing mempeng,
dakparingi donga muga-muga anggonmu ujian bisa lancar, bisa nggarap
soal-soal lan kasil kanthi biji sing nyenengake."
Ibu
Kepriye ukara wangsulane Jidan? Tulisen migunaake paugeran panulisan ukara
pacelathon sing bener!
40. Kepriye piwelinge ibu marang Jidan?
Selamat mengerjakan!

Belum ada Komentar untuk "Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Semester Genap Tahun Ajaran 2020/2021/Tahun ajaran 2019/2020 kurikulum 2013"

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel