Soal PSASPSD Soal UJIAN Sekolah BAHASA JAWA Soal PAS - Soal Penilaian Sumatif Akhir Satuan Pendidikan SD Bahasa Jawa Kelas 6 tahun ajaran 2023/2024

Bismillah admin kali ini akan berbagi tentang   Soal PSASPSD  Soal UJIAN Sekolah BAHASA JAWA - Soal Penilaian Sumatif Akhir Satuan Pendidikan SD Bahasa Jawa Kelas 6 tahun ajaran 2023/2024 

 yang sebelumnya telah membagikan kepada anda semuanya tentang  Soal PSASPSD  Soal UJIAN Sekolah PPKN - Soal Penilaian Sumatif Akhir Satuan Pendidikan SD PPKN Kelas 6 tahun ajaran 2023/2024 

monggo kito sami ningali soal-soal ingkang sampun kulo rangkum ing blog meniko mugi mugi bermanfaat kagem sedoyo. 



 Soal PSASPSD  Soal UJIAN Sekolah BAHASA JAWA Terbaru

Wacanen crita ing ngisor iki kanggo pancadan nggarap soal nomer 1-3!

Tradisi Ruwahan

Ruwahan utawa nyadran iku tradisi Jawa. Ruwahan asale saka tembung ruwah yaiku jenenge

sasi sadurunge sasi Pasa ing penanggalan Jawa Islam. Ruwahan ditegesi nindakake tradisi

ngirim donga marang arwahe para leluhur.

1. Ruwahan utawa nyadran minangka tradisi sing ditindakake ana ing ....

A Saindenging bawana

B. Tanah Jawa

C. Manca nagara

D. Njaban rangkah tanah Jawa

2. Ruwahan ngemu teges ....

A ngirim donga marang arwah leluhur

B. donga bebarengan sadurunge pasa

C. ngumpul sedulur sadurunge pasa

D. ngirim panganan marang sesepuh

3. Ruwah iku arane saşi ing penanggalan Jawa Islam, urutane....

A sadurunge sasi Syawal

B. sawise sasi Syawal

C. sadurunge sasi Pasa

D. sawise sasi Pasa

Gatekna wacan ngisor iki minangka pancadan nggarap soal nomer 4 lan 5!

Upacara Kenduren

Kenduren kalebu salah sawijining upacara adat ing daerah Jawa Tengah. Jeneng liyane

kenduren, yaiku Slametan sing luwih dikenal ana ing kalangan masyarakat. Kegiyatan iki dadi

adat sing nomer siji sadurunge agama Islam mlebu ing tlatah Jawa. Kenduren isine kegiyatan

donga bebarengan sing dipimpin karo tokoh agama utawa kepala suku. Ing jaman biyen, panganan

dadi sesaji kanggo pasembahan ing upacara adat iku.

Anane campuran budaya Islam, upacara Kenduren iki ngalami owah-owahan sing gedhe,

kabiyasan sadurunge, yaiku panganan sing digawe kanggo sesajen utawa pasembahan, saiki

diilangi lan diganti dadi mangan bareng-bareng utawa kembulan bebarengan sawise acara bubar.

4. Upacaca kenduren minangka tradisi ing tlatah.....

A. Indonesia

B. Jawa Tengah

C. Saindenging nuswantara

D. Njaban rangkah Jawa

5. Upacara Kenduren iki ngalami owah-owahan yaiku panganan sing digawe kanggo sesajen utawa

pasembahan, saiki diilangi lan diganti kanggo kembulan.

Kembulan tegese ....

A Mangan bareng-bareng sawise acara bubar

B. Donga bebarengan nyenyuwun marang Pangeran 

C. Ngumpulake panganan sadurunge acara kawiwitan

D. Dolanan bebarengan sawise rampung adicara

Gatekna punggelan crita ngisor iki!

Gathutkaca Gugur

Sawise ditetepake madeg senapati Agung Pandhawa, Gathutkaca nyuwun pangestu marang

pepundhen kang ana ing pasanggrahan. Nanging sadurunge maju perang Gathutkaca enggal-

enggal mulih menyang Pringgodani nyuwun pamit lan pangestu marang ibune uga prameswarine

Dewi Pregiwa. Dewi Arimbi rumangsa seneng putrane pinarcaya madeg Senapati agung mbelani

para pepundhene.

Gathutkaca kang dadi putrane Werkudara karo Dewi Arimbi sawise pamit banjur budhal

nuju Tegal Kurusetra ngirid wadyabala prajurit Pringgodani kanthi semangat makantar-kantar

para prajurit ndherekake Gusti ratune manjing ing palagan.

6. Kang dadi tokoh bakune wacan ing dhuwur yaiku ....

A Werkudara

B. Dewi Arimbi

C. Gathutkaca

D. Dewi Pregiwa

7. Raden Gathutkaca minangka satriya ing ....

A Madukara

B. Plangkawati

C. Kendhalisada

D. Pringgodani

8. Sawise Gathutkaca ditetepake dadi Senapati Agung, Tangkebe Dewi Arimbi minangka ibune duweni.

A. kuciwa

B. seneng atine

C. rumangsa gela

D. was sumelang

9. Pranyatan kang jumbuh karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....

A. Gathutkaca iku putrane Raden Werkudara karo Dewi Pregiwa.

B. Sadurunge maju perang Raden Gathutkaca pamit karo Pandhudewanata.

C. Prajurit. Pringgodani makantar-kantar ndherekake Gusti ratune maju perang.

D. Gathutkaca maju perang ana ing Kendhalisada.


10. Pengalaman kang nabet ing ati lan angel dilalekake, tuladhane

A Nalika para siswa piknik bareng-bareng kancane

B. Nalika dingendikani Bu Guru amarga congkrah karo kanca

C. Nalika tiba saka wit jambu

D. Nalika lara diopname ana Rumah Sakit

11. Nalika preian semesteran, aku karo adhiku sowan simbah sing daleme ana ing dhusun Majasemi

suwene seminggu. Ana ing daleme simbah aku oleh kanca anyar jenenge Sribekti.

Adhedhasar wacan ing dhuwur, bab sing nyenengake yaiku ....

A nalika preinan semesteran

B. seminggu ana Majasemi

C. aku karo adhiku sowan simbah

D. oleh kanca anyar

12. Pengalaman kang nyenengake ana ing ukara....

A Dina Minggu wingi kucing kesayanganku mati kecebur kolam.

B. Dhek wulan November 2022 aku melu lomba FTBI oleh juwara 3 tingkat provinsi.

C. Wis seminggu iki simbahku diopname ana Rumah Sakit.

D. Ban sepedhaku wis alus, aku arep nyuwun ganti.

13. Padha gulangen ing kalbu

Ing sasmita amrih lantip

Aja pijer mangan nendra.

Kaprawiran den kaesthi

Pesunen sariranira

Cegah dhahar lawan guling

Sapada tembang ing dhuwur nuduhake tembang....

A Megatruh

B. Mijil

C. Kinanthi

D. Gambuh

14. Cacahe gatra tembang Kinanthi ana ....

A 4

B. 5

C. 6,

D. 7

15. Guru wilangan lan guru lagune gatra kapisan tembang Kinanthi yaiku ....

A. 8u

B. 81

C. 8a

D. 8e

16. Watake tembang Kinanthi....

A kebak katresnan

B. grapyak, sumanak

C. trengginas, luwes

D. sembranan

17. Pitutur becik pada tembang ing dhuwur yaiku ....

A Pagawean mangan lan turu kudu ditengenake kareben sehat.

B. Kulinakna mangan sing enak kareben awak kuwat

C. Dadekna awakmu sing lemu, karana mangan lan turu

D. Sapa wae sing kepengin pinter, kudu mangerteni tandha-tandhane jaman.

Gatekna punggelan teks sesorah ing ngisor iki kanthi tliti, kanggo pancadan nggarap

soal nomer 18-21!

18. Sesorah katindakake dening ....

A Kepala Sekolah

B. Budi Raharjo

C. Guru Kelas VI

D. Wakil siswa Kelas V

Wacanen punggelan sesorah ngisor iki!

(1) Assalamu'alaikum Wr. Wb.

(2) Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati, rencang-

rencang kelas I saha adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.

(3) Saderengipun kula matur, sumangga langkung rumiyin ngaturaken sukur dhumateng Gusti

Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring rahmat dhumateng kita. Kanthi rahmat lan

berkahipun ing enjing punika kula dalah panjenengan saged makempal ing ruang kelas 6

kanthi rahayu slamet saperlu ngawontenaken acara pepisahan kelas VI.

(4) Para rawuh ingkang bagya mulya.

Saderengipun nyuwun pangapunten kula Budi Raharjo kapeksa ngadeg wonten ngarsa

panjenengan minangka sulih sarira para siswa kelas enem. Kula ngaturaken agunging panuwun

dhumateng Bapak Ibu guru ingkang sampun nyengkuyung saha ngrawuhi acara punika. Ugi

atur panuwun dhumateng kanca-kanca ingkang sampun paring pambiyantu amrih

kaleksananipun acara punika.

19. Sesorah katindakake ing wayah esuk, katitik saka tembung....

A ngarsa

B. amrih

C. enjing

D. nyengkuyung

20. Bagean nomer loro (2) minangka perangan pambuka kang ngemu isi ....

A wigatine sesorah

B. pangarep-arep

C. dudutan

D. atur pakurmatan

21. Saderengipun nyuwun pangapunten kula Budi Raharjo kapeksa ngadeg wonten ngarsa

panjenengan minangka sulih sarira para siswa kelas enem.

Tembung ngarsa tegese....

A sisih

B. mburi

C. jejer

D. ngarep

Gatekna pacelathon ngisor iki, kanggo pancadan nggarap soal nomer 22- 25!

PK "Kula nuwun."

Andi   : "Mangga."

PK     : "Le, apa bener iki daleme Pak Darwanto?"

Andi   : "Leres Pak. Mangga pinarak rumiyin."

PK      : "lya Le, bapak ana dalem?"

Andi    : "Boten, Pak. Bapak tindak sabin. Nuwun sewu, bapak punika sinten lan wonten kersa

punapa madosi bapak?"

PK       : "Ngene ya Le, aku pegawe kelurahan. Jenengku Pak Sudarno. Aku diutus Pak Lurah

nemoni Pak Darwanto."

22. Pacelathon kasebut katindakake dening....

A. Pak Sudarno karo Andi

B. Andi karo Pak Darwanto

C. Pak Darwanto karo Pak Sudarno

D. Pak Darwanto karo Andi

23. Andi "Boten, Pak. Bapak tindak sabin."

Manut ukara ing dhuwur bapake Andi menyang....

A pasar

B. tegalan

C: sawah

D. kantor kelurahan

24. Nuwun sewu, bapak punika sinten lan wonten kersa punapa madosi bapak?"

Ukara ing dhuwur migunaake ragam basa....

A krama alus

B. krama lugu

C. ngoko alus

D. ngoko lugu

25. Apa pakaryane Pak Sudarno?

A Kepala Kelurahan

B. pegawe kelurahan

C. petani

D. pegawe Puskesmas

Isenana ceceg-ceceg ngisor iki nganggo tembung sing cocok!

Festival Tembang Dolanan

Festival tembang dolanan dileksanaake ing Gedung Narto Sabdo, Taman Budaya Raden

Saleh Semarang. Pesertane ana 17 kudune saora-orane 35, kang asale saka kutha-kutha ing

Jawa Tengah. Festival dianaake kanthi ancas kanggo mbalekake guna mumpangate tembang

dolanan pinangka sarana hiburan ngiras pantes kanggo ndhidhik budi pekerti. Festival Tembang

Dolanan kang kapisan dileksanakake kanthi dadakan lan kurang wektu kanggo sosialisasi, mula

durung kabeh kutha ing Jawa Tengah padha ngirimake pesertane.

26. Festival Tembang Dolanan kagelar ing

27. Pesertane festival ana...

28. Durung kabeh wakil saka kutha-kutha ing Jawa Tengah padha ngirimake, amarga....

29. Tujuwane festi I tembang dolanan saliyane sarana hiburan uga kanggo ndhidhik....

30. Ing Baratayuda Begawan Durna gugur ing dina kang kaping limalas.

Tembung limalas manawa diowahi nganggo basa krama dadine....

31. Tembung gugur tegese...

32. Nyritaake pengalaman iku luwih gampang, amarga wis tau........dhewe.

33. Crita pengalaman bisa nggawe sing maca padha ngguyu, amarga....

34. Tembang Kinanthi sapada ana....gatra.

35. Sudanen dhahar lan guling, karepe kurangana anggonmu....

36. Dadia lakunireku, gatra kasebut guru wilangan lan guru lagune yaiku....

37. Wasana cekap semanten anggen kula matur, mbok bilih wonten klenta-klentune atur nyuw/un

pangapunten.

Ukara ing dhuwur minangka perangane sesorah bagean....

38. Undherane sesorah ana ing bagean

39. Gatekna ukara pacelathon ngisor iki !

Yani  : "Bu, punapa budhe saestu badhe........mriki?"

Ibu     : "ya, budhemu ngersakke dolan neng Wadhuk Gajah Mungkur."

Unggah ungguh kang trep kanggo ngganepl ukara pacelathone Yani yaiku.......

40. Bapak  : "Bud, coba sowanna simbah, gedhang Iki caosna ! "

      Budi     : 

Budi bocah sing manut dhawuhe bapake, wangsulane Budi .......

****


III. Garapen pranyatan-pranyatan ngisor iki manut prentahe!

41. Panggonane Baratayuda iku ana ing Tegalkurusetra.

Gawea ukara pitakon adhedhasar ukara wangsulan ing dhuwur!

42. Pengalaman iku maneka warna, ana sing nyenengake, ana sing gawe sedhih utawa nrenyuhake.

Gatekna gambar ngisor iki banjur gawenen ukara paling sithik telung (3) ukara!

Gatekna cakepan tembang Kinanthi ngisor iki!

Kinanthi

Mangka kanthining tumuwuh

Salami mung awas eling

Eling lukitaning alam

Dadi wiryaning dumadi

Supadi nir ing sangsaya

Yeku pangreksaning urip

43. Tulisen paugerane tembang Kinanthi! Cacahe guru gatra, guru wilangan lan guru lagune!

44. Gawea ukara panutuping sesorah, tulisen apa wae kang kudu kamot ing panutup!

45. Agil ajak-ajak Candra, preian mengko dolan menyang daleme simbahe sing ana desa.

Pranyatan ing dhuwur gawenen ukara pacelathon, aja lali panulise lan ejaane sing bener, paling

sithik patang (4) ukara!

demikian artikel kita tentang  Soal PSASPSD  Soal UJIAN Sekolah BAHASA JAWA  Soal PAS - Soal Penilaian Sumatif Akhir Satuan Pendidikan SD Bahasa Jawa Kelas 6 tahun ajaran 2023/2024  semoga bermanfaat. 

Belum ada Komentar untuk " Soal PSASPSD Soal UJIAN Sekolah BAHASA JAWA Soal PAS - Soal Penilaian Sumatif Akhir Satuan Pendidikan SD Bahasa Jawa Kelas 6 tahun ajaran 2023/2024 "

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel