Materi Pelajaran Bahasa Jawa SD Kelas 1 - Ngrungokake Cerito Dongeng

Poro pengajar seklaha dasar ing pundi papan, meniko bade kito bagekaken materi pelajaran bahasa jawa ingkang judulipun ngrungoake dongeng, monggo dipun simak.

Standar Kompetensi:
1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan sederhana
(dongeng) dalam ragam bahasa tertentu.
2. Mampu mengungkapkan gagasan dan perasaan secara lisan tentang nama dan
fungsi anggota tubuh serta benda-benda di sekitar sesuai dengan unggahungguh.
3. Mampu membaca dengan lafal dan intonasi yang benar serta memahami isi
teks.
4. Mampu menulis kalimat sederhana dengan huruf lepas, sambung, dan dikte.
Kompetensi Dasar:
1.2 Mendengarkan dongeng binatang.
2.2 Menyampaikan rasa suka dan tidak suka terhadap sesuatu atau kegiyatan
dengan menggunakan ragam bahasa tertentu.
3.1 Membaca nyaring
4.1 Menulis kalimat sederhana.

A. Nyemak

 Ngrungokake Crita Dongeng

 Semaken pamacane crita dongeng dening gurumu iki!
Kabecikan Diwales Kabecikan
Ana manuk mencok ing wit-witan.
Ana wong sing arep mbedhil manuk kuwi.
Semut ngerti banjur nyokot sikile wong mau.
“Dor... dor… dor...” keprungu swarane bedhil.
Nanging mimise ora ngenani manuk.
Manuk mabur ngadoh.
Semut dolan ing pinggir kali.
Semut keseret banyu tekan tengah kali.
“Tulung-tulung” Semut mbengok.
Swarane semut keprungu manuk.
Manuk banjur nibakake godhong.
Semut munggah godhong.
Pungkasane Semut slamet.
“Matur nuwun Nuk,” kandhane Semut.
“Padha-padha Mut,” wangsulane Manuk.
Kapethik saka Piwulang Basa Jawa 1
Tugas Mandiri
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki adhedhasar dongeng “Kabecikan
Diwales Kabecikan”!
1. Sapa kang nulungi Manuk nalika arep dibedhil?
 Wangsulan : Semut
2. Kepriye unine swara bedhil?
 Wangsulan : “Dor... dor… dor...”
3. Apa tegese tembung “mimis” ana crita ing dhuwur?
 Wangsulan : peluru
4. Sapa kang nyokot sikile wong kang mbedhil?
 Wangsulan : Semut
5. Sapa kang nulungi Semut nalika keseret banyu kali?
 Wangsulan : manuk
Tugas Kelompok
Golekana tembung-tembung kang angel saka dongeng ing dhuwur! Tulisen ing
papan ngisor iki banjur wacanen tegese tembung mau! Menawa isih durung
ngerti tegese bisa koktakokake marang gurumu!
Wangsulan : Miturut Karepe siswa

WACANEN : Pelajaran Bahasa Ajawa - Arane Kembang 

B. Micara

 Ngandharake Rasa Seneng lan Ora Seneng

 Gatekna tuladha rasa seneng lan ora seneng ing ngisor iki!
Tuladha rasa seneng:
Gb. Saking : https://pixabay.com/en/children-school-laughing-fun-602967/
 1. Aku seneng mangan krupuk.
 2. Rudi seneng bal-balan.
 3. Tari seneng olahraga.
Tuladha rasa ora seneng :
 1. Bayu ora seneng ngapusi.
 2. Intan ora seneng padu.
 3. Intan ora seneng mangan mie ayam
Wangsulan: Bebas nanging sopan
C. Maca

 Maca Seru

 Wacanen kanthi seru pacelathon ing ngisor iki!
Ibu : “Le…wis tangi durung?”
Agung : “Sampun Bu.” (Agung metu saka papan paturone)
Ibu : “We…jebul wis ngango sragam barang ta, takkira durung tangi.”
Agung : “Nggih sampun ta Bu, kula tangi jam gangsal wau.”
Ibu : “Yo wis, ndang sarapan, Ibu nggoreng endhog kanggo kowe.”
Agung : “Inggih Bu.” (Agung mangan nganti entek)
Ibu : “Gung iki sangune.”
Agung : “Inggih Bu, matur nuwun, kula mangkat rumiyin nggih?’
 (Agung mangkat sekolah karo pamitan marang ibune)
Ibu : “Yo wis, ndang sarapan, Ibu nggoreng endhog kanggo kowe.”
Agung : “Inggih Bu.” (Agung mangan nganti entek)
Ibu : “Gung iki sangune.”
Agung : “Inggih Bu, matur nuwun, kula mangkat rumiyin nggih?’
 (Agung mangkat sekolah karo pamitan marang ibune)
Tugas mandiri
Wacanen kanthi cetha!
1. sirah : si – rah
2. cendhak : cen – dhak
3. Thuthuk : thu – thuk
4. Tutuk : tu – tuk
5. Sega : se – ga
6. pitik : pi – tik
7. Elek : e – lek
8. Enom : e – nom
9. Pitutur : pi – tu – tur
10. Piweling : pi – we – ling
Tugas Kelompok
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi lisan adhedhasar pacelathon
ing dhuwur!
1. Apa lawuhe Agung nalika sarapan?
2. Jam pira anggone Agung tangi turu?
3. Agung ngaturake apa nalika diwenehi sangu?
4. Sapa sing guneman?
5. Apa kang ditindakake Agung nalika arep mangkat sekolah?
D. Nulis
Nulis Ukara Latin Jejeg Disambung
Nulis Latin jejeg disambung iku gampang.
Nanging akeh bocah kang kangelan.
Amarga kesed anggone gladhen.
Mula yen kepengin cepet bisa.

Kudu sregep gladhen lan ora wegahan.
Ing bab ngarep wis diterangne.
Babagan Nulis Latin jejeg disambung.
Coba bukaken sepisan maneh.
Wacanen lan cobanen maneh.

Wacanen Pelajaran seng lainnya : 


Belum ada Komentar untuk "Materi Pelajaran Bahasa Jawa SD Kelas 1 - Ngrungokake Cerito Dongeng "

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel