SOAL UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Tahun Ajaran 2019/2020

sekolahdasarislam.web.id - Bismillah kali ini kita akan membahas tentang SOAL UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Tahun Ajaran 2019/2020.  setelah kemarin kita telah membagikan kepada anda semuanya mengenai SOAL UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Tahun Ajaran 2019/2020. soal soal berikut ini hampir sama dengan tahun lalu , sama dengan SOAL UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Tahun Ajaran 2018/2019. 

Wacanen kang prematil
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Katentreman saha karahayon mugi tansah tumanduk dhumateng panjenengan lan kula
Bapak Kepala Sekolah, Bapak saha Ibu Guru ingkang kinurmatan sarta kanca-kanca sedaya ingkang
kula tresnani
Saderengipun, mangga panjenengan lan kula tansah ngonjukaken puji syukur dhumateng Pangeran
ingkang sampun maringi kesehatan lan kesempatan. Kanthi nikmat punika, panjenengan lan kula saged
kempal wonten ing acara perkenalan guru enggal ing enjang punika
Bapak-bapak, Ibu-ibu saha kanca-kanca, saderengipun nyuwun pangapunten kula Satriya ketua
kelas enem minangka wakil siswa-siswi kapeksa ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan awit wonten
babagan ingkang badhe kula aturaken. Wwit taun pelajaran enggal 2015/2016 punika ing sekolah kita
karawuhan guru enggal. Bapak guru enggal punika asmanipun Bapak Widodo ingkang dalemipun ing
Jekulo, Kudus. Dene ing mangke panjenenganipun badhe mucal mata pelajaran Olahraga lan kesehatan.
Salajengipun, para siswa-siswi ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapak Widodo.
Para rawuh ingkang kula urmati, mbok bilih cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Kula
ngrumaosi bilih taksih kathah lepat lan klentu anggen kula matur. Awit saking punika, kula nyuwun agunging
pangapunten. Matur nuwun
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Wenehana tandha ping ( X } aksara a, b, c utawa d ing sangarepe wangsulan sing paling
bener ing lembar jawaban kang wis cumawis!

1. Sesorah utawa pidato ing dhuwur katindakake dening
a. kepala sekolah
b. ketua kelas enem guru
c. ketua kelas
d. Bapak Widodo
2. Pembukane sesorah isi bab
a. atur pangapura sakabehing kekurangan
b. ucapan syukur ana ing ngarsane para rawuh
c. ucapan syukur ana ing ngarsane Pangeran
d. atur sugeng rawuh Bapak Wiryawan
3. Kegiyatan kaleksanaake ana ing
a. omahe Satriya
b. daleme Bapak Widodo
c. daleme bapak kepala sekolah
4. Tujuwane nganaake kegiyatan yaiku..
a. ana guru kang pindhah sekolah
b. amarga nampa karawuhan guru anyar
c. taun pelajaran anyar kawiwitan
d. kelas enem padha tamat sekolahe
5.Kepriye ukara wasana basane sesorah ing dhuwur?
a. Katentreman saha karahayon mugi tansah tumanduk dhumateng panjenengan lan kula.
b. Bapak Kepala Sekolah, Bapak, bapak saha Ibu Guru ingkang kinurmatan sarta kanca-kanca sedaya ingkang kula tresnani
c. Mbok bilih cekap semanten ingkang saged kula aturaken
d. Salajengipun, kula Satriya ketua kelas enem minangka wakil siswa-siswi ngaturakenwilujeng rawuh dhumateng Bapak Widodo
6. Kapeksa kula ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan. Tembung ngarsa tegese
a. mbur
b. ngarep
c. sisih

7. Aksara Jawa ing dhuwur wacane
a. Sabrina lagi pidhato
b. Lina tuku bakso
c. Satriya lagi pidhato
d. Rima gawe soto

8. Aksara Jawa ing dhuwur wacane
a. Sugeng rawuh para tamu
b. Ngaturake sugeng rawuh
c. Sugeng rawuh para ibu
d. Sugeng rawoh para tamu

9. Aksara Jawa ing dhuwur wacane
a. kula trisnani
b. daktresnani
c. kula tresna
d. kula tresnani

10. Aksara Jawa ing dhuwur wacane
a. asmanipun Wariyo
b. asmane Waluyo
c. asmane Widodo
d. asmanipun Waluyo

11Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku

12. Kunir kuning, panulise aksara Jawa sing bener.

13. Budi tuku pete, panulise aksara Jawa sing bener yaiku..

14. Pratani padha makarya
Panulise aksara Jawa sing bener yaiku....

15. Numpak sepedha
Panulise aksara Jawa sing bener yaiku

kanggo mangsuli soal nomer 16 19 gatekna pacelathon ing ngisor iki.
Agus "Di, suk Minggu kowe arep dolan menyang ngendi?"
Wardi "Aku durung duwe rencana, Gus.
Agus "Manawa durung ana rencana, piye yen kowe melu aku lan kulawarga dolan menyang
Satwa Taru Jurug?"
Wardi Wah. gelem banget aku. Banjur, aku kudu teka omahmu suk Minggu jam pira?"
Agus :"Udakara jam wolu esuk. Mengko numpak bis kota bebarengan saka omahku."
Wardi : "Ya...y... . nanging aku dakmatur wong tuwaku dhisik, ya?"
16. Pacelathon ing dhuwur ngemu tema
a. Ngisi Liburan
b. Dolan
c. Piknik
d. Pariwisata
17. Surasane pacelathon ing dhuwur yaiku
a. Wardi ngajak Agus dolan menyang Satwa Taru Jurug
b. Wardi ngajak Agus dolan nonton Grojogan Sewu
c. Agus ngajak Wardi dolan menyang Satwa Taru Jurug
d. Wardi numpak bis kota menyang omahe Agus
18. Udakara jam wolu esuk
Tembung udakara tegese
a. pas,
b. kurang luwih
c. luwih saka
d. kurang saka
19. Amanat/pesen kang kakandhut
ing pacelathon dhuwur yaiku.
a. lelungan ora prelu pamit wong tuwa
b. menawa arep lelungan pamit wong tuwa dhisik
c. lelungan cedhak ora prelu pamit
d. menawa arep lelungan adoh pamit wong tuw

 Kanggo mangsuli soal nomer 20 23 gatekna teks pidhato ngisor iki!
Ass. Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/lbu ingkang kula urmati, rencang- rencang saha adhik-adhik ingkang kula tresnani
Sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmad lan kanugrahan dhumateng kita sedaya.

Bapak/lbu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula urmati, sekedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipur  nilar Bapak/lbu Guru saha adhik-adhik. Namung kawontenan kedah mekaten, pramila kapeksa kula sakanca nilaraken Bapak/lbu saha adhik-adhik kelas sedaya.

Bapak/lbu Guru kula sakanca ngaturaken panuwun, lan nyuwun pamit saha nyuwun
donga pangestu mugi saged nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan sanginggilipun. Mboten kesupen kula sakanca tansah memuji mugi-mugi Bapak/ibu Guru
saha adhik-adhik pikantuk rahmating Pangeran. 

Wasana cekap semanten anggen kula matur, mbok bilih wonten kalepatan saha kekirangan anggen kula atur nyuwun pangapunten
Wss. Wr. Wb.

20. Panutuping sesorah katuduhake ana ing ukara nomer
a. 5
b. 4
c. 3
d. 2
21. Sesorah iku ngemu surasa
a. Kelas enem ngaturake panuwun, nyuwun pamit, nyuwun donga pangestu marang bapak ibu
guru
b. Atur puji syukur marang Pangeran kang wis paring rahmat lan kanugrahan
c. Atur kinurmatan marang bapak kepala sekolah saha bapak ibu guru
d. Kepala sekolah paring tanggapan atur pamitane kelas enem
22. Sesorah iku ngemu tema....
a. Perkenalan
b. Kegiyatan
c. Pepisahan
d. Prastawa
23. Kang nindakake sesorah ing dhuwur yaiku
a. Wakil adhik kelas
b. Wakil kelas VI
c. Kepala Sekolah
d. guru
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuth
Katentreman saha karahayon mugi tansah tumanduk dhumateng kita sedaya.
Langkung rumiyin, sumangga panjenengan dalah kula tansah ngonjukaken puji syukur
dhumateng Allah ingkang Maha Asih, saking nugrahanipun panjenengan dalah kula saged makempal
wonten ing papan lan kanthi wekdal punika wilujeng. saperlu mengeti dinten Kamardikan.
24. Kutipan pidato iku nuduhake bagean
a. salam pidato
b. pambuka pidato
c. isi pidato
d. cengkorongane pidato
25. Bagean kasebut isi.
a. katentremen
b. pengetan dina Kamardikan
c. karahayon
d. ucapan sukur.

Il. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing trep ing lembar jawaban kang
wis cumawis
26. Ingkang kula tresnani.
Atur salam iku lumrahe kanggo para.....................................
27. Bab sing prelu digatekake nalika maca teks pidato yaiku.....................................
28. Panutuping pidato lumrahe kaisi.....................................
29. Pidato iku padha karo orasi, wong kang nindakake pidato diarani.....................................
30. Bab pokok sing dadi undheraning andharan pidato diarari.....................................
31. Pidato ing sangarepe wong sing luwih tuwa becike migunakake basa.....................................
32. Makaten ingkang saged kula aturaken ing acara pengetan dinten Kamardikan. Kula namung titah
limrah taksih kathah kalepatan pramila kula tansah nyuwun agunging pangaksami 
Kutipan pidato ing dhuwur nuduhake bagean.....................................
33. Panyapa tumrap kang luwih tuwa nalika pidato lumrahe : ingkang kula.....................................
34. Gatekna Pacelathon ngisor iki
Tanti: "Rin, kanggo mengeti dina kamardikan iki, ing kampungmu arep nganaake apa?'
Rina: "ing kampungku arep dianaake lomba pitulasan."
Tanti: "Lomba pitulasan iku kanggo ( ...................)?
Rina : "Lomba pitulasan ing kampungku ana sing kanggo bocah-bocah, remaja, ibu-ibu, lan ana
uga lomba kagem bapak-bapak
Ukara pitakon kang trep tumrape Tanti kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur yaiku............
35. Pacelathon ing dhuwur ngrembug...........................................

Gatekna wacan ing ngisor iki!
Nalika ana ing pasar, Yayuk kepingin tuku sepatu. Yayuk banjur takon regane sepatu sing arep
dituku marang bakule
36. Yayuk "Mas, ................regine sepatu niki?
Ukara pacelathone kang cocok karo teks ing dhuwur yaiku
37. Sawise ngerti regane, Yayuk banjur nganyang supaya regane sepatu diudhunake
Yayuk: "Mas, mbok ampun..., seket ewu nggih!"
Ukara pacelathone sing cocok yaiku: 

Gatekna pacelathon Ing ngisor ikil
Eko "Ma, sesuk sore sinau kelompok, yal"
Rama : "Ya. Jam pira lan ana ngendi?"
Eko : " Jam telu, neng omahku wae. Aja lai Bagus diampiri, ya... 
Rama : "...
38. Ukara pacelathon ing dhuwur manawa digancarake.
39. Yen kembang, kembang mlathi
..
Dudu kembang tapak dara
Ayo sira mudha lan mudhi
Padha berjuang mbela...
Bacutane parikan iku sing bener

40. .....................................Tulisan Jawa ing sisih pamacane

41. .....................................Tulisan Jawa ing sisih pamacane

42. ..................................... Tuisan Jawa ing sish pamacane
43. Jamu Jawa, panulise aksara Jawa sing bener.....................................
44. Kabar anyar, panulise aksara Jawa sing bener.....................................
45. Becik ketitik, panulise aksara Jawa sing bener.....................................

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo tembung sing trep ing lembar jawaban
kang wis cumawis!
Kanggo mangsuli nomer 46 gatekna geguritan ing ngisor iki!
Lereng Lawu
Hawa kang adhem nyenengake
Maneka warna kekembangan kang nengsemake
Pranyata agawe seneng kang padha nekani
Pranyata bisa gawe lam-lamaning ati
Wit-witan cemara ing kiwa tengen
andadekake rasa tentrem
Dalan-dalan kang munggah ndedel
ora njalari ati kedher
Gumrojoge banyu bisa nyipta
swasana kang endah tanpa upama
Tawangmangu lan Grojogan Sewu
pancen endah yen dinultu
46. Kepriye parafrasene geguritan ing dhuwur?

47.Kepriye wacane tulisan aksara Jawa ing dhuwur?
48. Gatekna ukara acak ing ngisor iki banjur tatanen kareben dadi geguritan kang runtut
(1) Nanging gelem rekasa
(2) Sanajan dipingit wong tuwa
(3) Raden Ajeng Kartini
(4) Atine tetep mbela, mbela kaum wanita
(5) Sanajan panjenengane wanita
49. Gatekna wacan ing ngisor iki, banjur gawenen pacelathon!
Kanggo mengeti dina Kartini, bocah-bocah kelas Vi bakal ngadani maneka warna lomba, Yogi lan
Ratna bakal gawe panitia lomba...........................

50. Gatekna gambar ing sisih nduwur banjur gawenen ukara saparagraf.....................................
ARTIKEL SEBELUMNYA : SOAL UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Tahun Ajaran 2019/2020

Belum ada Komentar untuk "SOAL UTS/PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Tahun Ajaran 2019/2020"

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel