Crita Pandhawa Lima Pawulang 1. Kebecikan Materi bahasa Jawa kelas 3 SD/MI terbaru tahun ajaran 2019/2020


Pada kesempatan Kali ini - SDITTV Web Id akan membagikan kepada anda materi bahasa jawa kelas 3 bab1 tentang kebecikan. pawulang 1 . kebecikan yoiku crito tentang pandhowo limo. sesui dengan kurikulum 2013. Crita Pandhawa Lima. ing bab iki ono akeh perangane A. Crita Pandhawa lima , B.Pitutur luhur Saka Wayang Pandhawa lima, C. Wosong Crita Pandhawa lima, D. Nyritakake Crita Pandhawa lima nganggo basa krama... 

Semaken crita wayang "Pandhawa Lima" ing ngisor iki!

Pandhawa Lima

Ing crita wayang Jawa, akeh paraga-paraga kang bisa dadi tuladha kanggo para pamirsa. Para tokoh wayang mau bisa dadi tuladha amarga nduweni watak kang bisa dituladhani, kayata para tokoh Pandhawa. Pandhawa kuwi putra saka Prabu Pandu Dewanata, ratu ing Astina. Ibune asma Dewi Kunthi Talibrata lan uga Dewi Madrim. Ing crita Mahabarata, Pandhawa dadi tokoh utama kang nduwenitipat kebak ing kabecikan, tansah guyup rukun ing paseduluran, ora nate mbadal dhawuhe guru, tansah ngabekti marang wong tuwa, ora nate gawe padudon, lan tansah paring parewangan marang sapa wae sing mbutuhake. Para satriya kang dadi kalima Pandhawa yaiku Yudhistira utawa Puntadewa, Bima utawa Werkudara, Arjuna utawa Janaka, Nakula lan Sadewa. Saben para satriya Pandhawa kuwi tansah eman lan njaga antarane siji lan sijine.

1. Yudhistira

Yudhistira utawa asring sinebut Puntadewa iki kawentar minangka satriya Pandhawa kang nduweni
watak sabar lan ora gampang nesu. Saben ana perkara tansah dirampungi kanthi ati sing semeleh lan ora grusa grusu. Yudhistira dadi anak mbarep utawa anak kapisan ing urutane satriya Pandhawa Lima. Amarga saka watak kang sabar lan ora gampang kena nesu kuwi, Yudhistira uga dikenal minangka Satriya Getih Putih. Raden Yudhistira duwe garwa kang asma Dewi Drupadi, minangka garwa saka satriya kang nduwe awatak sabar lan sareh, Dewi Drupadi uga nduweni watak kang welas asih. Saka patutan karo Dewi Drupadi Raden Yudhistira peputra satriya kang aran Raden Pancawala. Gamane Rader Yudhistira yaiku Jimat Kalimasada. Keraton papan panggone Raden Yudhistira ing Keraton Amarta.

2. Bima

Bima nduwenijeneng liya Werkudara. Satriya iki anak nomer loro saka jejerane Pandhawa Lima. Keraton Jodhipati kuwi papan panggonane Raden Bima. Bima kuwi satriya kang nduweni watak jujur lan ora seneng ngapusi, wani mbela sing bener, tegas ora mencla-mencle, ora wedi waton bener, ngajeni wong liya, kurmat marang wong tuwa lan tansah aweh parewangan marang sapadha-padha. Bima minangka satriya sing dedege gedhe dhuwur, tansahngayomi kabeh sanak sedulur lan keluwargane saka bebaya. Raden Bima nduwe gegaman yaiku Gada Rujakpala lan Kuku Pancanaka, Raden Bima nduweni garwa antarane Dewi Nagagini lan peputra Raden Antareja, Dewi Arimbi peputra Raden Gatotkaca, lan Dewi Urang Ayu peputra Raden Antasena. Putra tetelu saka Raden
Bima dadi satriyatama kang tansah tumindak kabecikan.

3. Arjuna

Arjuna utawa jeneng liyane Raden Janaka, kuwi satriya panengahe Pandhawa. Sinebut satria panengah Pandhawa amarga Arjuna kuwi satriya kang lair nomer telu ing jejerane Pandhawa Lima. Raden Arjuna kawentar dadi satriya kang bagus rupane, nduweni watak alus, sregep ngudi kawruh, tansah gelem sinau, jujur, lan tansah ngayomi marang sapadha-padha. Raden Arjuna nduweni gegaman awujud panah, kang sinebut Panah Pasopati lan Keris Kyai Pulanggeni. Raden Arjuna nduweni garwa kang aran Dewi Sembadra, peputra Raden Abimanyu lan Dewi Srikandhi. Ing crita wayang Raden Arjuna mapan ana ing keraton Madukara.

4. Nakula

Nakula lan Sadewa kuwi satriya kang lair kembar. Raden Nakula minangka satriyatama ing Pandhawa Lima uga nduweni watak kang apik yaiku tansah jujur, ngajeni marang wong liya, ora sombong lan tansah sregep anggone ngudi kawruh. Ing crita pewayangan Raden Nakula mapan ana ing keraton Sawojajar. Raden Nakula nduwe garwa kang aran Dewi Srengganawati, lan gaman aran Tirtasari.

5. Sadewa

Sadewa kuwi anak ragil ana ing jejerane para satriya Pandhawa Lima. Senadyan anak ragil, nanging Raden Sadewa ora nduweni watak sing aleman lan pengen menange dhewe. Ora beda kaya kembarane, Raden Sadewa uga nduweni watak kang becik lan bisa dadi tuladha, antarane tansah ngugemi dhawuhe wong tuwa, ora serakah, seneng tetulung marang sapadha-padha lan ora seneng gawe rusake lingkungan. Gamane Raden Sadewa uga kembar kaya Raden Nakula, awujud Tirtasari, banyu kang isa dadi usada kanggo wong nandang lara. Raden Sadewa nduweni garwa kang asma Dewi Srengginiwati, lan mapan ana ing keraton Wukiratawu.
Kalima satriya Pandhawa kuwi tansah guyup rukun lan ora nate ana padudon. Saben dinane tansah gelem tetulung marang sapa wae kang mbutuhake pitulungan tanpa nduweni pamrih apa-apa. Ora gumun yen ing crita wayang Mahabarata, Pandhawa Lima dadi tokoh kang tansah dadi idola.

demikian artikel kita tentang Crita Pandhawa Lima Pawulang 1. Kebecikan Materi bahasa Jawa kelas 3 SD/MI terbaru tahun ajaran 2019/2020


Belum ada Komentar untuk "Crita Pandhawa Lima Pawulang 1. Kebecikan Materi bahasa Jawa kelas 3 SD/MI terbaru tahun ajaran 2019/2020"

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel