Crita Punakawan , Semar Gareng Petrok Bagong - Crita Pandhawa Lima Pawulang 1. Kebecikan Materi bahasa Jawa kelas 3 SD/MI

Setelah kemarin kita memposting artikel tentang Crita Pandhawa Lima Pawulang 1. Kebecikan Materi bahasa Jawa kelas 3 SD/MI terbaru tahun ajaran 2019/2020. kali ini kita akn memposting tentang PUNAKAWAN Crita Pandhawa Lima Pawulang 1. Kebecikan Materi bahasa Jawa kelas 3 SD/MI terbaru tahun ajaran 2019/2020 yoiku nyritakake crita pandhowo limo nganggo basa jawa. 

Punakawan kuwi jeneng salah siji saka abdi dalem utawa pamomonge para Pandhawa. Punakawan ana papat yaiku Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Para punakawan tansal ngetutake ana ngendi wae bendarane lunga. Senadyan amung dadi abdi, anangin Punakawan iki nduweni sipat kang wicaksana lan bisa ngarih-arih rikala bendarane lagi kena musibah.

Semar

Semar kuwi punakawan sing paling tuwa. Kasebut uga Bapake Gareng, Petruk, lan Bagong. Semar iki nduweni watak alus, wicaksana, sareh sabar lan tansah bisa momong para Ratu kang nduweni watak welas asih. Semar nduweni gaman awujud entut sing mambu banget. Senadyan mangkana, rikala ana satriya kang lali saka tumindak becik, rikala wis mambu entute Semar sanalika bisa langsung isa eling maneh.

Gareng

Gareng kuwi anake Semar kang kapisan, wujud awake Gareng yaiku tangane kithing lan mlakune jinjit. Senadyan cacat, ananging gareng uga nduwe watak kang asih wicaksana lan uga bisa nglipur dukane para satriya.

Petruk

Petruk kuwi anak Semar kang nomer loro. Wujude Petruk gedhe dhuwur, paling dhuwur tinimbang sedulur-sedulure, Petruk nduwe gaman arupa pethel utawa kampak cilik. Watake petruk lucu, wicaksana, bisa dadi pamomong lan ora dumeh.

Bagong

Bagong kuwi anake Semar sing ragil. Wujude lemu cendhek kaya Semar. Senadyan pendhek ananging Bagong bisa nglipur para satriya kang lagi sedhih. Wewatakane Bagong yaikupolos, ceplas ceplos anggone ngomong, ananging nduweni welas asih marang sapadha-padha.

Demikian Artikel dari kita mengenai Crita Punakawan , Semar Gareng Petrok Bagong - Crita Pandhawa Lima Pawulang 1. Kebecikan Materi bahasa Jawa kelas 3 SD/MI semoga bermanfaat. 

Belum ada Komentar untuk "Crita Punakawan , Semar Gareng Petrok Bagong - Crita Pandhawa Lima Pawulang 1. Kebecikan Materi bahasa Jawa kelas 3 SD/MI "

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel