Nyritakake Isine Tembang Dolanan Dhondong Opo Salak - Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2

 Nyritakake Isine Tembang Dolanan Dhondong Opo Salak - Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2- kurikulum 2013. 


Tembang dolanan "Dhondhong Apa Salak” ngemu pitutur kang becik.

Tembang dolanan "Dhondhong Apa Salak" isine nggambarake menawa dadi

bocah ora pareng rewel lan nakal.

Syair tembang kang unine "dhondong apa salak, dhuku cilik-cilik" gambarake

kaya manungsa kang aneka warna wujud fisike, sipate, lan karaktere, kaya woh

salak kang beda sipat lan cirine karo woh dhondhong lan dhuku. Mengkene

iki menawa diperlambangake.

1. Woh salak duweni kulit njabane kuwi kasar nanging njerone alus. Lire kaya

sipate manungsa kang njaba lahire ora ayu utawa bagus nanging duweni

ati kang mulya.

2. Woh dhondhong duweni kulit njabane alus nanging njerone kasar. Lire

kaya sipate manungsa kang njaba laire ayu utawa bagus nanging duweni

ati kang ala.

3. Woh dhuku duweni kulit kang alus lan njero uga alus. Lire kaya sipate

manungsa kang apik njaba njerone.

Tembang dolanan "Dhondhong Apa Salak" uga nggambarake kendharaan

andhong lan becak. Ing kene nggambarake usahane manungsa gayuh luhuring

budi pakarti. Andhong ing kene nggunakake tenaga jaran lan becak nggunakake

tenaga manungsa minangka genjot pedhale becak. Lire nggambarake kita

minangka manungsa kudu sregep, disiplin, mandiri, lan tanpa ngrepotne wong

liya nalika netepi kuwajiban utawa jejibahan.

Belum ada Komentar untuk "Nyritakake Isine Tembang Dolanan Dhondong Opo Salak - Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2"

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel