Mangerteni Isine Tembang Dolanan Gugur Gunung - Materi pelajaran Bahasa Jawa kelas 2 Semester 2

 Mangerteni Isine Tembang Dolanan Gugur Gunung - Materi pelajaran Bahasa Jawa kelas 2 Semester 2

Supaya mangerteni isine tembang, kowe kudu mangerteni maksude

tembung lan ukara sajerone tembang kasebut. Yen kangelan, tembung-

tembung sing sekirane angel ditulis luwih dhisik lan digoleki tegese ing kamus.

Kowe bisa nggunakake kamus Bausastra Jawa. Mangkene tuladhane:

1. Ngayahi tegese "nandangi pagaweyan"

2. Karyaning tegese "pagaweyane"

3. Gugur gunung tegese "gotong royong"

4. Praja tegese "negara"

5. Sayuk rukun tegese "padha rukun"

6. Mulya tegese "luhur, dikurmati"

7. Lila lan legawa tegese " nrima kanthi lega"

8. Diulang-ulungake tegese "disalurake"

9. Enggal tegese "rikat, cepet"

10. Kuntul tegese "sawijine bangsa manuk"

Sawise negesi tembung-tembung kang

angel, kowe bisa ngira-ngira isine tembang

"Gugur Gunung". Sing diarani gugur gunung

yaiku nyambut gawe bebarengan karo wong

akeh, supaya pagaweyan kang ditandangi bisa

cepet rampung. Pagaweyan iki ditindakake

kanthi eklas tanpa diopahi utawa dibayar.

Tuladhane kagiyatan kang mbutuhake gotong

royong kayata kerja bakti ing lingkungan desa, resik-resik masjid, kerja bakti ing

sekolahan, lan sapanunggalane. Dadi, isine tembang "Gugur Gunung" yaiku

bab kerja sama utawa gotong royong. Pagaweyan kang ditindakake kanthi

gotong royong iku bisa cepet rampunge.


Belum ada Komentar untuk "Mangerteni Isine Tembang Dolanan Gugur Gunung - Materi pelajaran Bahasa Jawa kelas 2 Semester 2"

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel