Tembang Dolanan - Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2

 Tembang dolanan wulangan 1 kelas 2 semester 2

Materi Pasinaon

Kompetensi Dasar: 1.1, 2.1, 3.1, dan 4.1 Pertemuan ke-1 dan 2



A. Nyemak Tembang Dolanan

Tembang dolanan yaiku jinis tembang gagrag anyar kang biyasa

ditembangaké déning bocah-bocah cilik, mligi ing padésan, sinambi dolanan

bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing.

Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalake bab kewan, thethukulan,

tetuwuhan, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhangkala

tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana sajeroning swasana

tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Tembang dolanan iku beda karo jinis tembang Jawa liyane. Tembang dolanan

ora duweni paugeran kaya dene tembang gedhe, tengahan, utawa macapat.

Ananging tembang dolanan iku duweni titikan (ciri-ciri). Titikane tembang

dolanan iku kaya ing ngisor iki.

dolanan iku kaya ing ngisor iki.

1. Ora kaiket dening guru lagu.

2. Cacahe wanda lan gatrane bebas.

3. Bentuk lagune bebas.

4. Sipat lagune gumbira, regeng, lan seneng.

5. Isine tembang bab dolanan utawa sindiran.

Tuladha tembang dolanan yaiku Cublak-

Cublak Şuweng, Jaranan, Gugur Gunung, Dhondhong Apa Salak, Kupu Kuwi,

Gajah-Gajah, Gundhul Pacul, Prau Layar, Swara Suling, lan sapanunggalane.

Tembangna bebarengan tembang dolanan ing ngisor iki!

Cublak-Cublak Suweng

Cublak cublak suweng

Suwenge ting gelenter

Mambu ketundhung gudel

Pak Empong lera lere

Sapa ngguyu ndhelikake

Sir sir pong dhele kopong

Sir sir pong dhele kopong

Tembang dolanan "Cublak-Cublak Suweng" ing dhuwur iku biyasa

1. Dolanan iki mbutuhake bocah kang cacahe papat utawa luwih.

2. Dolanan Cublak-cublak suweng dipimpin dening sawijine bocah kang dadi

Pak Empong. Pak Empong iki bocah kang tugase mengkurep lan

sarana dolanan kancane. Carane milih Pak Empong kanthi cara pingsut.

3. Pak Empong banjur milih krikil kanggo pralambang "suweng". Bar kuwi,

tembang "Cublak-Cublak Suweng" ditembangake dening bocah-bocah

sinambi muterake krikil lumantar tangan-tangan kang nemplek ana gegere

Pak Empong mau.

4. Biyasane lagune ditembangake kaping pindho utawa luwih. Yen wis

rampung tembange, Pak Empong lungguh lan bedhek sapa kancane kang

dhelikake "suweng" mau.

5. Yen Pak Empong salah anggone bedhek, dheweke bakal tengkurep maneh

lan bedhek maneh. Yen bedhekane bener, wong sing dhelikake krikil mau

bakal dadi Pak Empong sabanjure.

Saka andharan ing dhuwur, bisa dimangerteni bilih tembang dolanan

"Cublak-Cublak Suweng" iku temane kajujuran. Tembang iki sarana ndhidhik

bocah-bocah supaya duweni nilai-nilai kajujuran, tanggung jawab, kapinteran,

lan ngati-ati anggone tumindak.


Belum ada Komentar untuk "Tembang Dolanan - Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2"

Posting Komentar

Trimakasih sudah membaca artikel kami, silahkan tinggalkan komentar jika ada keluhan mengenai link yang mati atau artikel rusak silahkan laporkan kepada kami ya !!!!

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel